Laman

SUGENG RAWUH
kang mas KONTRING KALAM MUNYENG

Minggu, 31 Oktober 2010

Kopi Cethe khas Tulungagung

Tulungagung adalah sebuah kota kecil yang penuh dengan beragam Industri.
Dari berbagai penjuru kota, bahkan sampai ke pelosok pedesaan. Salah satunya yaitu menjamurnya pengusaha warung Kopi Cethe.
Dulu terkenal dengan kopi gigit khas Tulungagung. Dari sini merambah hingga akhirnya munculah sebuah Inofasi baru bidang perkopian.
Kopi Cethe lebih dikenal dengan istilah Nyethe.


Proses nyethe tidaklah serumit yang kita bayangkan. Yaitu berasal dari bubuk pilihan dengan berbagai resep olahan sehingga menimbulkan rasa dan aroma khas. Yang dapat diambil cethenya dan berfungsi untuk dioleskan ke sebatang rokok, apabila rokok tersebut disulut akan menambah kenikmatan bagi si perokok serta meninggalkan aroma gurih semerbak bagi orang yang berada disekitar perokok cethe tersebut.


Bermula dari secangkir kopi cethe panas,
lalu kita seduh dengan sendok kecil yang disertakan, 
tunggu beberapa saat setelah bubuk kasarnya agak melarut,
kemudian kita tuang kopi tersebut pada sebuah lepek ( piring kecil )
sekira 5 menit kita kembalikan lagi air kopi ke dalam cangkir,
sehingga tinggallah bubuk kopi yang paling lembut di atas lepek.
Nah bubuk inilah yang dinamakan cethe.


Cethe kita keringkan dengan kertas koran atau tisue, lalu kita tuangi susu kental seperlima sendoh teh.
lalu kita aduk kedua adonan tersebut hingga menjadi satu.
dan kita oleskan pada sebatang rokok. Akhirnya jadilah rokok cethe khas Tulungagung.


Dalam proses nyethe masyarakat disini sangatlah kreatif, ada yang di motif batik kawung, motif kupu - kupu, motif barongsai, kaligrafi dan lain - lain. Bahkan di Tulungagung sering diadakan Festival Nyethe........
Lalu bagaimana cara pengolesannya..???
Cethe...dapat kita oleskan ke sebatang rokok dengan berbagai cara dan alat.
Penyethe sering menggunakan alat sesuai dengan kebutuhan, ada yang memakai silet, lidi, sendok, benang dan lain - lain.


Dari secangkir Kopi Cethe yang cuma Rp.2000 perak, terbukti dapat menambah keakraban antar teman dan kolega ataupun Mitra Bisnis. Dan juga mengurangi tingkat pengangguran yaitu dengan membuka usaha warung kopi Cethe......

Sabtu, 30 Oktober 2010

MUPUS

Wus ginarising urip, yen ta kudu pepisahan, senadyanta abot jroning ati....
Garwo kang dak tresnani, kang dadi pepujanku, wus tega mblenjani janji...
Janji prasetya tumekeng pati, jebul mung ana pucuking lathi...


Duh yayi...
Nangis jroning batin iki saben kelingan marang sliramu...
Rikala isih urip bebarengan kang kebak nistha...
Ambudidaya mung sak dermo golek pangupa jiwa...
Golek tentreming jiwa lan raga...
Suprihe tetep bisa urip lan nguripi kulawarga


Duh Yayi.....
Dak tangisana rina klawan wengi, bebasan nganti asat waspaku
Kabeh mau tan mawa guna, ya mung siji kang dak bangetake..
Tangising keng putra...tanpa dosa melu nandang sengsara...
Kagawa saka tumindake wong tuwa....


Anakku ngger..
Wis cup menenga, aja pijer nangis bae...
Isih adoh lelakon kang kudu tok tindakake...
Kae lintang lan mbulane angawe......
Simpenen tangismu ngger..
Kanggo jimat sajroning uripmu


Aja pijer nangis bae...datan bisa mbukak apa isining buntelan
Buntelan peparinging Pengeran, awujud ngelmu kang nuntun badanira...
Awit akeh bebaya kang ngadhang cawis bebeka jroning lelakonmu...
Buta raseksa saumpama...bisa sirna mung karana ngelmu......
Ngelmu ngagama lan ngelmu ndunya..........




Aja pijer nangis bae...datan bisa mbukak apa isining buntelan......

Jumat, 29 Oktober 2010

PANGUCAP

Apa kang aran pangucap hiya iku lathi,
kang bisa nuwuhake ala cilaka,
beja lan kamulyaning diri...
mula kita bisa ngundhuh wohing pakarti hamung gumathok aning pangucaping lathi.
Watak, watek,lan watuke manungsa bisa kawaca saka logat, lagak, laguning pangucap kang sinembur awur awur saking lathi.
Pangucap kita bakal bisa hanuntun marang katentreman kang dadi sarananing ngurip ing ngalam ndonya.
Janma tan kena kinira....mula hagya njaga pangucap kita,
awit pangucap iku kalebu wisa kang ginawa dening badan salira..
kaya dene kelabang wisane ana ing ndas,
yen kalajengking wisane ana ing buntut,
nanging janma manungsa awewisa haning pangucap lan badannyo...


Pangucap iku bisa dadi jalaran kebecikan.
Pangucap uga dadi jalaraning pati, kesangsaran, pamitran.
Pangucap uga dadi jalaraning wirang.
Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang umpamane.
Mula ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe.......
Tumrapno Geni iku luwih panas katimbang srengenge,
nanging isih luwih panas pangucaping janma manungsa.......
Mula ana pangandikan sak beja bejane wong kang lali isih luwih beja wong kang eling lan waspada....